Minggu, 05 Mei 2013

Belajar Bahasa Jawa Ngapak


 Bahasa Jawa ngapak biasa dinggo nang wong Jawa Tengah bagian kulon (Sekang Kebumen meng ngulon terutama bekas karesidenan Banyumas lan sekitare). Ciri khas bahasa ngapak keton sekang logat ngomong karo kata-katane mayoritas nganggo huruf “a”, ( opo – apa, ojo – aja, lungo – lunga).
Akeh kosakata ngapak sing nang wong jawa liane angel dipahami, terutama wong jogja & jawa timur. Mulane nek wong ngapak ketemu wong jawa timuran komunikasine karo bahasa jawa kromo inggil, sebab kosakata bahasa kromo inggil ketone kembar kabeh se jawa.
Tapi masalaeh siki langka bocah nom sing bisa bahasa kromo inggil, dadine malah pada nganggo bahasa Indonesia. Kiye setitik contoh bahasa ngapak:
Kencot                                  Lapar (orang biasa)
Inyong                                  Aku (orang biasa)
Kula                                       Aku (Orang yang lebih dihormati)
Rika                                        Kamu (Orang yang lebih dihormati)
Madang                               Makan (orang biasa)
                Ana perbedaan ngapak kebumenan karo ngapak daerah Tegal. Nek nang Kebumen kata “Langka” berarti ana tapi setitik, nek nang Tegal artine blas ora ana. Dadi nek rika mbayar madang nang warteg nganggo duit gede trus nang bakule disauri “langka jujule mas” berarti blas ora ana jujule.
                Bersambung lain wektu sedulur, karo tulisan ngapak sing liane! Nuwun !

8 komentar:

  1. upaya melestarikan bahasa jawa :-D

    BalasHapus
  2. Good jobs. terus dikembangno cak, tak dukung satos persen.

    BalasHapus
  3. ahahaaaa bang lukman aslinya ngapak apa??

    BalasHapus
  4. Cak Agus, maturnuwun yo
    mas Ghomi Gomel, Bapak Ibuku Asli Kebumen :-D

    BalasHapus
  5. Inyong kakek wong kebumen tapi jaman biyen minggat nang malaysia. Nyong rakb pernah temu kambe kakekku..saiki rabi kambe uwong asal usul seko ponorogo. Ngapuro angger bhs jowo ne morat marit

    BalasHapus
  6. Aku be wonk ngapak.....
    Purbalingga nyimak gan.

    BalasHapus